Sabtu, 10 Desember 2011

Maca sarana niyat arep maju .


Tembung sukses mono tembung manca, asale aka basa Perancis, ejaane kang asli :succes. Dene ngucapake swara “u “, ing wanda “suk” ora antep kaya ing salumrahe swara “u”, nanging ngambang ana ing antarane swara “u” lan “a”. Ana kang njarwakake sarana tembung : kasil utawa khasil, kang tegese oleh gawe. Nanging ora sethithik saiki ing cecaturan basa Jawa padinan kang nggunakake salinane ing tembung : berhasil. Upamane ing ukara:” Priye olehmu usaha menyang Jakarta, apa wis berhasil?” ,iku karepe, apa wis oleh gawe, apa sukses ?
Tembung “sukses” dhewe saiki wis wiwit populer, wis akeh sing nganggo ing pasrawungan urip katimbang lan tembung salinane mau. Malah ora sethithik kang nganggep yen tembung “sukses” iku wis klebu ing kulawargane tembung-tembung basa kita. Wondene tegese kang luwih cetha, sukses iku: kaleksanan apa kang ditindakake kasil kanthi becik. Terange maneh: pegaweyan utawa perjoangan kang wis katindakake kanthi berhasil, iku katembungake: sukses.
Tujuwanku nulis sing dak jupuk saka sumber, seratane bapak almarhum Imam Supardi iki, mengku karep supaya aku gelem nulis maneh lan iya kanggo wacan muridku idhepe-idhep nguri-uri basa Jawa, e mbok manawa ana gunane ing tembe mburi. Sokur-sokur sing kersa rawuh ing gubugku iku kersa maos lan atur panyaruwe lan nambah paseduluran.

Ngelmu iku pancen kelakone yen kanthi laku.
Mengkono uga sesuluh kang diandharake ing postingan iki, ora bakal bisa menehi paedah sethithika, yen ta mung disetujoni wae diakoni benere dhewe tanpa ditindakake kanthi keyakinane dhewe, sajroning padha nyambut gawe ing saben dinane.
Mula saka iku murih bisa gampang methik sarining sesuluh, luwih dhisik dak aturi migatekake sarat-sarat ,kepriye carane maos buku-buku apa wae kang bisa asung paedah :
1.Yen memaos buku isi wulangan, ing saben perangan utawa saben bab, waosen kanthi sareh aja kesusu-susu. Saben saperangan utawa sabab tamat pamaose, aja nyandhak perangan sateruse utawa candhake, nanging gagasen dhisik, apa lan kepriye karepe kang mentas diwaos mau. Yen isih kurang damang, kurang ngerti utawa ana perangan kang kurang terang, becike diambali maneh pamaose kanthi luwih tamban, luwih tliti lan luwih anjinggleng.
2.Maos klawan sareh iku tegese ora mung: daya-daya tumuli rampung bae, nanging : sajroning maos kudu diselingi “ ngaso sedhela”, memikir apa kang lagi diwaos mau. Yen ana ukara kang sajak nyaleneh, utawa kepranggul panemu kang nembe disumurupi, banjur pitakona ing sanubarine dhewe, apa iya bener lan nyata kaya mengkono? Diselang-seling pitakonan, kepriye carane enggone bakal nindakake isine anjuran kang dianjurake ing kono.
3.Yen saperangan wis tamat pamaose kanthi sareh lan tansah diselingi memikir, lagi mbanjurake perangan candhake maneh. Uga sarana sareh, tliti lan ora perlu daya-daya rampung. Becik ing saben-saben maos, nyandhinga potlot biru utawa potllot abang, perlu kanggo nyireni tetembungan utawa ukara kang perlu digatekake.Carane gawe tenger, ing sisihe tulisan perangan buku sisih kiwa utawa tengen diwenehi tenger palang. Yen perlu, ukara kang penting-penting dicorek ngisore mawa garis abang apa biru. Perlune tetenger mau, yen liya dina arep maos maneh, gampang bisane nujokake kawigaten marang bab-bab kang penting.
4.Kita manungsa iki padha kasinungan sesipatan: gampang lali. Mula saka iku, ing sawijining wektu, apa sesasi sepisan, apa rong sasi sepisan, utawa yen pancen nuju butuh sesuluh, becike buku-bukune kang maedahi, diwaos maneh. Pamrihe supaya bali eling maneh marang apa kang wis nate digatekake lan dipratelakake. Kudu duwe keyakinan yen tansah ana kesempatan kanggo mbeciki pakulinan.
Kaya mangkono carane maca kang becik, maca kang antuk kang nduweni tujuwan arep maju kaya dene bangsa-bangsa liya kang wis padha merdika. Aja dikira mung para sarjana jaman saiki bae kang nganjuri supaya wong memaca kanthi niyat arep maju, methik sarining wulangan kang becik. Dalasan para luhur ing jaman biyen, iya wis nate paring wulangan patrape wong maca kang becik, kasebut ing “Wulangreh”, tembange pucung kaya mangkene:
Lawan maning, ana ing pituturingsun, yen sira amaca, layang sabarang layanging, aja pijer katungkul ningali sastra.
Caritane, ala becik dipun weruh, nuli rasakena, saunining layang ugi, den karasa ingkang becik sira nggowa.
Ingkang ala,kawruhana alanipun, dadine tyasira, weruh ala lawan becik, ingkang becik wiwitane sira wruha.
Iya, ora ?! Wong kuna kok iya wis ngerti kepriye carane memaca kang bisa njalari antuk sukses, antuk paedah.Panyuwunku kaya sing wis dak aturake ing ndhuwur, aku kepengin nulis kang sumbere cetha muga –muga migunani kanggo awakku dhewe lan para muridku lan sapa wae sing rawuh ing gubugku iki. Saya akeh sing dak waca, tibake ora ana saempute yen ditandhingake karo panjengan kabeh, semono uga saya akeh sing daktulis iya ora ana apa-apane yen ditandhingake karo seratan panjenengan, utamane para penulis kang asmane wis kasusra, wis kondhang ngrenggani maneka warna kalawarti.Nuwun.
(sumber,holopis kuntul baris, almarhum bapak Imam Supardi sept 1956 , dicocogake manut ejaan anyar).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar